Wasita Rini

Ing antarane taun 1900 nganti 1930, ana owah-owahan jaman. Nalika iku politik liberal gumanti politik etis. W.F. Wertheim lan The Siauw Giap ngadani panaliten. Masyarakat Jawa, ing mangsa iku sinebut "rapid development", yaiku masyarakat kang tatanan sosiale gilir gumanti cepet banget. Mengkono seratane Prof. Darsiti Soeratman, iang Majalah PUSARA, Mei 1985.

Owah-owahan jaman mau tan kena ora mrabawani tumrap tatanan masyarakat sing magepokan karo kalenggahane pawestri. Ing tanah Jawa, akeh para pawestri sing maune ora tepung pamulangan, dadi padha mlebu sekolahan. Kahanan kaya mengkono iku becik tumrap kalenggahane pawestri sing kudu jajar drajate karo para priya. Paling ora, kalenggahane pawestri sing maune asor bisa luwih dhuwur ing tatanan sosial masyarakat. Luwih-luwih bareng Ibu Kartini ngumandhangke "emansipasi wanita", tansaya akeh pawestri sing padha mlebu sekolahan. Malah kepara ana lan ora sithik sing sekolah ing manca negara barang.

Politik etis, darbe perbawa becik tumrap emansipasi wanita. Nanging, tumrap para etisi kahanan kang becik mau ditunggangi sedya sinamudana ala. Paling ora, kaum etisi bakal ngowahi tatanan sosial masyarakat Jawa kanggo masarake produk industrine. Tatanan sosial masyarakat diowahi saka masyarakat produktif dadi masyarakat konsumtif. Tumindak konsumtif iku bisa ngrusak urip lan panguripane masyarakat, luwih-luwih kanggo para pawestri. Pawestri Jawa sing maune gemi, setiti, lan ngati-ati tan kurang bejane dadi boros, mubra-mubru, tetuku tanpa petung.Kasunyatan, kahanan kaya mengkono iku banget mrihatinake. Tindak tanduk lan solah bawane pawestri ora mung ing tataran konsumtif wae, nanging wis magepokan karo kodrat kawatinane sing ora jumbuh. Cekake, emansipasi wis kebablasen.

Kanggo ndhuwa kahanan, Ki Hadjar Dewantara menggalih perlu maringi piwulang mligi tumrap pawestri. Senadyan drajat kelungguhane dhuwur, luwih cukat, luwih wasis, lan bisa murakabi ing samubarang kalir, nanging ora kudu ninggalake harkat lan martabate pawestri pinangka, wanita, ibu, biyung, lan pamong generasi.

Mula iku Ki Hadjar Dewantara nganggit serat "Wasita Rini" wujud cakepan tembang Asmaradana.
Mengkene unine:

    Jatine Wasita Rini,
    ing jaman kuna lan mangkya,
    yekti tan ada bedane.
    Karone harsa rumeksa,
    marang para wanita,
    mrih suci miwah rahayu,
    luputa ing sambekala.

    Bedane ing jaman mangkin,
    kang aran jaman mardika,
    saliring dumadi kabeh,
    suwala marang wasesa,
    tan karsa pinurbeng liyan,
    mangkono estri tan purun,
    ginawe sakarsa-karsa.

    Elinga para pawestri,
    mardika iku jarwanya,
    nora mung lepasing pangreh,
    nging uga kuwat kuwasa,
    amandhiri priyangga,
    wit saka ikut den emut,
    wenang lan wajib tan pisah.

    Dene kang arane wajib,
    siyaga barang prakara,
    miranti lair batine,
    nuli wenange tumindak,
    ing reh sakarsanira,
    wit sira wus darbe traju,
    panimbung becik lan ala.

    Para wanita kang sami,
    marsudi ing kamardikan,
    wajib weruh ing gatine.
    sujana lan kasarjanan,
    weh mardikaning gesang,
    dene kasusilan iku,
    pager rahayuning raga.

Senggakan/Ompak-ompak:
-  Heh prakenya kang ulah mardikeng rara,
-  Haywa lali kalane lelangen padha,
-  Ing reh solah tingkah ywa lirweng susila,


--------------------------------------------------------------
Oleh: Ki Sugeng Subagya
(Pamong Tamansiswa, pemerhati pendidikan & Kebudayaan)

0 komentar:

Posting Komentar